Jumat, 20 Januari 2017

Contoh pidato ketua panitia acara penyuluhan demam berdarah dalam bahasa Jawa



Assalamualaikum wr. wb.
Alhamdulillahi rabbil'alamin wassalatu wassalamu'ala asyrofil ambya'i walmursalin wa'ala alihi wasah bihi ajma'in amma ba'du.
Bapak lurah ingkang dahat kinurmatan.
Tim penyuluh ingkang satuhu kinurmatan.
Ugi Bapak Ibu para rawuh ingkang kawula hormati.
Ingkang sepindhah sumangga kita sedoyo tansah ngaturaken puji  syukur dhumateng Alloh SWT ingkang sampun maringi kanikmatan ingkang kathah dhateng kita sedoyo, pramilo kita saged makempal wonten adicara menika, adicara penyuluhan demam berdarah. Sholawat saha salam mugi-mugi konjuk dhumateng Nabi Agung Muhammad SAW ingkang tansah kita antu-antu syafaatipun.
Para rawuh ingkang kawula hormati, kula amakili panawung krida ngaturaken agunging matur nuwun dhumateng para rawuh sedoyo ingkang saged rawuh wonten adicara menika. Salajengipun kula ngaturaken matur nuwun dhateng sedoyo pihak ingkang sampun mbiyantu adicara penyuluhan menika, pramilo saged kaleksanan kanthi sae.
Para rawuh ingkang kawula hormati, wonten adicara menika uga kula ngaturaken agunging pangapunten dhumateng bapak lan ibu sedoyo mbok bilih kathah kalepatan utawanipun kekirangan sakin adicara menika.
Mugi-mugi adicara penyuluhan demam berdarah menika saged kaleksana kanthi lancar lan ugi kita sedoyo saged mendet manfaatipun. Cekap semanten atur kula. Mbok bilih kathah kalepatan anggene tanggap wacan kula nyuwun agunging pangapunten. Matur nuwun.
Wassalamualaikum wr. wb.