Ana wong sugih sing jenenge Pak Sartum. Pak Sartum nduwe pekarangan, sawah lan kebonan kang akeh tur amba banget, nganti deweke ora teyeng ngrumat lan prentah wong-wong sing gelem kerja nggone deweke kon nggarapna. Deweke prentah wong-wong sing ora duwe. Salah sijine kang arane Pak Bendot, Pak Bendot pancen wong ora nduwe. Umahe cilik nggo tabag, ning sanajan wong ora nduwe pak bendot kuwi selah sijine wong kang rajin kerja ana nggone Pak Sartum. Pak bendot nduwe bojo sing jenengane Mbok Dakem, deweke ora nduwe anak. Pak Bendot saben dinane lunga esuk mulih sore ngrumati kebone Pak Sartum. Mergane deweke wis di percaya nggarap kebone Pak Sartum. Kebon kang di pasrahke maring Pak Bendot iku kebon kang subur banget, saiki merga musime lagi apik pak bendot nandur timun. Timune sing di tandur yaiku timun biasa lan timun suri, Pak Bendot anggone ngenteni ewohe timun esih suwe mergane timune mbene sejentik-jentik. Mbarang pirang wulan timun-timune wis pada gede-gede. Pak Bendot selote rajin anggone ngrumati wit timun-timune. Deweke wis seneng, merga angger timun-timune dipanen tandane deweke arep olih duit utawane gajian sedawane dewek wis kesel-kesel ngrumati timun-timune.
Sawijining dina, Pak Bendot kawanen anggone teka maring kebon. Butule ning kebon Pak Bendot kaget nemen, merga kebon timune wis morak-marik. Wit-wit timune wis pada rusak, timun-timune uga pada ilang. Nanging sing ilang kuwe sing gede-gede. Pak Bendot wis keweden mergane mbok keweruhan dening Pak Sartum lan dadi perkara. Pak Bendot gagiyanan natani kebon timune. Wit sing rusak banjur dibuang, timun-timun sing rusak pada potol lan rusak dituturi. Ora let suwe Pak Sartum teka.
"Piwe pak ?" takone Pak Sartum
"Nggih kados niki pak"
"Kira-kira kapan arep dipanen pak ?"
"Kadose minggu-minggu ngajeng pak" omonge Pak Bendot
"Oh, ya wis pak nek kaya kue. Angger ana apa-apa ngomong bae ya pak" ujare Pak Sartum
"Nggih pak" semaure Pak Bendot
Sawise Pak Sartum lunga. Pak Bendot ngelus dada. Alhamdullillah gustigusti, grenenge
Pak Bendot sajroning ati. Pak Bendot gagiyanan bali, rumangsane dewek wis dipeseni bojone supaya aja bali kesoren, tapine ning ndalan Pak Bendot kudanen. Udane gede banget lan teka karo angin dadine udan angin. Sawise butul ngumah, Pak Bendot langsung mbersihi awak lan nggoleti Mbok Dakem. Mbok Dakem jebule ning pedangan. Mbok Dakem lagi nyiapake pangan kanggo managan engko wengi.
"Piwe pak ?" takone Mbok Dakem.
"Ora piwe-piwe. Nyong mung mandan puyeng, kye ndase gemleyengan ora karuan. Cungure ya pada mampet kiye Kem" semaure Pak Bendot kambi senggrak-senggruk nyedoti umbel.
"Nek kaya kue engko tek kerok ya kena pak. Siki solat disit kae wis adzane" prentahe Mbok Dakem.
Pak Bendot banjur lunga wudhu lan lunga maring langgar. Mbarang solate wis rampung Pak Bendot bali. Butule ngumah Pak Bendot banjur dikeroki. Sawise dikeroki Pak Bandot lan Mbok Dakem mangan bareng.
"Piwe pak kebone Pak Sartum ?" takone Mbok Dakem.
"Arep dipanen minggu-minggu ngarep"
"Timune woh akeh mbok pak ?"
"Ya lumayan, tapine mau tek tiliki koh ana sing pada ilang. Wite ya pada madul-madul. Sing ilang sing wis mateng. Untunge Pak Sartum teka wis tek beresi"
"Lha piwe si bapak ?"
"Embuh koh kem"
"Apa dijikoti wong pak ?, tapine jere ning tangga desa ana kancil sing cokan nyolongi tanduran kaya timun kuwe lah pak"
Pak Bendot lan Mbok Dakem maring kamar pada turu. Esuk wis teka, ayame wis pada kluruk. Mbok Dakem wis tangi disitan lan nggugah Pak Bendot.
"Pak tangi pak" Mbok Dakem nggugah.
"Kem kayane nyong ora bisa mangakta maring kebon. Ndase nyong esih puyeng. Punten diomongna Pak Sartum disit"
"Ya pak"
Mbok Dakem banjur lunga nemoni Pak Sartum.
"Pak ngapunten dinten niki Pak Bendot mboten saged pangkat pak" omonge Mbok Dakem.
"Oh piwe si mbok ?"
"'Seg sakit pak, winginane udan-udan trus seniki seg mriang pak"
"Ya wis ora papa."
"Nggih mpun pak kula pamit krihin" Mbok Dakem banjur bali.
"Ya pada-pada"
Sawise Mbok Dakem bali Pak Kartum kepikiran arep niliki kebon timune. Deweke banjur njikot tudung lan lunga. Ora suwe pak sartim wis butul ning kebon. Pak Sartum niliki wit timun-timune. Dewek ngrasa timun-timune ora akeh. Deweke curiga timun-timun dijikoti ding Pak Bendot. Akhire deweke takon maring Pak Darto.
"Pak kye deneng timun-timune pada ilang apayah ?" takone Pak Sartum.
"Mboten ngertos pak. Winginane tah kula ningali Pak Bendot mendeti timun-timunipun pak" omonge Pak Darto
Pak Sartum banjur lunga maring umahe pak bendot, ora semaur acan apa omonge Pak Darto. deweke wis medegdeg anggone mlaku uga gipyak. Mbarang wis butul, Pak Sartum nggedor nggedor lawang.
"Endi Bendot ?"
"Nggih pak kula, wonten nopo ?"Pak Bendot nemoni Pak Sartum.
"Rika piwe si pak, rika wis diwei tanggung jawab supaya nggarapna kebon. Tapine kenangapa rika malah sekarepe dewek" omonge Pak Sartum.
"Sekarepe dewek pripun pak ?" Pak Bendot ora paham.
"Alah rika mbok pak sing njikoti timun-timune. Ujarku pak nek rika butuh apa-apa ngomong disit pak. Apa diute kurang pak. Ya wis pak nek carane kya kue rika ora usah kerja maning rika ora usah nggarap kebone nyong maning" Pak Sartum banjur lunga metu.
"Sing sabar ya pak" omonge Mbok Dakem ngedemna.
Dina ganti dina, esuk-esuk umahe Pak Sartum wis rame. Pak Sartum banjur metu ngumah. Ning njaba wis ana Pak Darto sing lagi nyekeli kancil.
"Ana apa kye? Deneng ribut" takone Pak Sartum.
"Niki pak, wonten kancil teng kebon timunipun njenengan pak. Niki mpun dikalani" semaure Pak Darto.
"Lho, bisane ?" takone Pak Sartum
"Nggih pak. Wektu kula seg teng kebon kula ningali wonten kancil sing seg mangani timun pak " semaure Pak Darto
"Oh dadi kaya kue" omonge Pak Sartum.
Dadi sing mangani timun kancil. Brati sing mangani timun kancil, takone Pak Sartum sajroning ati. Pak Sartum banjur lunga maring umahe Pak Bendot lan njaluk ngampura.
'"Pak, nyong njaluk pangampura. Rumangsane nyong wis nuduh rika njuktio timun. Nyong njaluk pangampura pak" omonge Pak Sartum ngrumangsani.
"Nggih pak sami-sami"
"Siki nek rika urung duwe pegawean rika nyambut gawe maning bae pak, nggone nyong!" prentahe Pak Sartum.
"Nggih pak, matur nuwun" semaure Pak Bandot.
Akhire pak bendot nggarap kebone Pak Sartum maning. Kancil sing cokan nyolongi timun siki diingu dening pak bendot. Kancile angger mangan siki ora nyolong tapine di wei timun. Dadine siki langka sing nyolongi timun maning lan kancile seneng bisa mangan wareg.